Perhatian: Situs ini sedang berada dalam proses pengembangan

Arsip untuk kategori ‘Bahasa dan Sastra’

Pamulangan Bahasa Jawi Minangka Pondhasi Lestarining Basa Jawi

Oct 21st, 2008 • Kategori: Bahasa dan Sastra

Abstrak

Pamulangan Bahasa Jawi Minangka Pondhasi Lestarining Basa Jawi

Kathahing panganggep bilih para wiranom (generasi muda) basa Jawinipun risak, kaco, ngawur lan kathah sebutan sanesipun. Ingkang njalari kawontenan menika antawisipun pamucalan ing sekolahan.

Kangge nanggulangi bab menika, para guru perlu ningkataken wawasan lan kaprigelanipun lan pamarintah - Depdiknas - perlu nggatosaken bab menika kanthi ngawasi lan tansah mbimbing para guru basa Jawi, murih lestari lan ngrembakaing basa lan budaya Jawi.

Baca selengkapnya »



Tulisan Pegon: Wujud Identitas Islam-Jawa Tinjauan atas Bentuk dan Fungsinya

Oct 21st, 2008 • Kategori: Bahasa dan Sastra

Tulisan Pegon: Wujud Identitas Islam-Jawa

Tinjauan atas Bentuk dan Fungsinya

Titik Pudjiastuti1

Abstrak

Agami Islam ingkang mlebet wonten tanah Jawi abad XV-XVI mboten namung ngemot babagan religi, nanging ugi tetilaran awujud kabudayan, inggih menika seratan Arab. Agami Islam wau, nuwuhaken peradaban enggal, inggih menika ingkang kasebat peradaban Islam Jawi. Rikala tuwuh peradaban enggal wau, wonten pundi kemawon, ingkang bebrayanipun sampun ngrasuk agami Islam, wonten mesjid lan pondhok pesantren minangka papan panggenan kangge sinau agami Islam. Wonten ing papan panggenan menika salajengipun tuwuh teks-teks agami Islam lan kasusastran Islam Jawi. Rikala agami Islam sampun menjila wonten ing peradaban Jawi, para santri ing pondhok pesantren, mboten kemawon pikantuk kawruh bab agami Islam, nanging ugi bab seratan Arab. Kaliyan malih, menawi waunipun seratan Arab namung dipunwucalaken guru-guru agami kangge nyinau lan mangertosi agami Islam saha nyerat teks-teks agami Islam mawi basa Arab, danguning dangu dipunrembakakaken para santri. Seratan Arab dipungathukaken saha dipunjumbuhaken ungelipun kaliyan ilat Jawi supados saged dipunginakaken minangka srana kangge nyerat teks-teks basa Jawi. Seratan-seratan Arab-Jawi enggal wau asring dipunsebat seratan Pegon. Ancasipun seratan Pegon wiwitanipun kangge nyiaraken agami Islam supados tiyang-tiyang Jawi ingkang mboten wasis basa Arab saged mangertos agami Islam ingkag sae. Nanging, danguning dangu tiyang Jawi lajeng ngginakaken seratan Pegon kangge nyerat pinten-pinten ancas lan tujuan, kadosta: teks sastra, dokumen resmi, serat pribadi lan sapiturutipun.

Baca selengkapnya »



SUPADOS BASA JAWI LANGKUNG NGREMBOKO

Oct 21st, 2008 • Kategori: Bahasa dan Sastra

SUPADOS BASA JAWI LANGKUNG NGREMBOKO

Dening:

Suwartono

Jurusan Basa Inggris, Fakultas Keguruan lan Ilmu Pendidikan

Universitas Muhammadiyah Purwokerto

Jawi Tengah, Indonesia

suwartono2006@yahoo.co.id

Ringkesan

Sak menika basa Jawi kapetang basa ingkang lumayan kathah dipunengge dening warga ndonya. Miturut pritungan, basa Jawi ngenggeni urutan 20. Kawontenan menika kedah dipunjagi lan, menawi saget, derajat ingkang sampun dipungayuh menika dipunjunjung langkung inggil malih.

Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng celengipun kaliyan pripun supados basa Jawi menika saget langkung ngremboko lan kondang kawentar teng jagad raya. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng basa Jawi, supados kawontenan tiang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.

Baca selengkapnya »



MODHEL PERANGKAT PASINAON BAHASA JAWA SING CEPET BISA LAN NYENENGAKE *)

Oct 21st, 2008 • Kategori: Bahasa dan Sastra

MODHEL PERANGKAT PASINAON BAHASA JAWA

SING CEPET BISA LAN NYENENGAKE *)

Anggitan

Dr. Sukirno, M.Pd

Universitas Muhammadiyah Purworejo

Abstrak: Sing dadi masalah tulisan iki yaiku durung ana modhel perangkat pasinaon bahasa Jawa sing cepet bisa lan nyenengake tumrap para siswa. Mula saka iku, tujuan tulisan iki yaiku ngasilake modhel perangkat pasinaon bahasa Jawa sing cepet bisa lan nyenengake. Kanthi mangkana, para siswa bisa tambah seneng anggone sinau bahasa Jawa. Modhel perangkat kang dikarepake ana papat, yaiku model: (1) silabus lan sistem penilaian, (2) buku ajar, (3) alat kang dienggo, lan (4) skenario pasinaon bahasa Jawa. Modhel-modhel iku kelebu barang cetakan lan elektronik. Sing kelebu barang cetakan yaiku wujud buku silabus lan sistem penilaian, buku ajar, lan skenario pasinaon. Sing kelebu alat-alat ana telu kelompok yaiku kelompok alat pandang/visual, alat dengar/audio, lan alat pandang-dengar/audio-visual. Ana telu perkara anyar sing dikasilake saka modhel perangkat iku, yaiku siswa bisa milih bahan ajar sing disenengi, siswa bisa milih gaya sinaune dewek, lan siswa sinau nganggo langkah tandur. Modhel pasinaon iku kabukten bisa nyepetake lan ningkatake kasiling pasinaon, uga nyenengake tumrap siswa.

Kata Kunci: modhel silabus, modhel buku, modhel alat, lan modhel skenario

Baca selengkapnya »



THE FUTURE OF JAVANESE WRITTEN LANGUAGE

Oct 21st, 2008 • Kategori: Bahasa dan Sastra, Wacana

THE FUTURE OF JAVANESE WRITTEN LANGUAGE

Prepared for the International Seminar of Javanese Language

In Purwokerto, Java, 28 October 2008

By: Florentinus Suryanto

Staff of the Indoenesian Embassy in Vienna, Austria

Chairman of the Gamelan Group in Vienna, Austria

1. Introductory to the problems

Since Indonesia won Independence, the use of the Javanese language in written form has been declining, although Javanese language is still in use as a means or oral communication. Printed literature edited in Javanese has vanished. The Javanese Alphabet is out of use for communication. This paper will analyse the development of the written language in essay form, in order to find a way for the Javanese language to be preserved in written for.

First we will describe the development of Javanese in oral form. This will be followed by the development of Javanese written language. Then we want to analyse the problems faced by the use of Javanese languages. Afterward we shall describe the efforts undertaken to preserve the Javanese literature, followed by a description of the Javanese language for oral communication. As interesting point is the analysis of the use of Javanese language by overseas Javanese. The description closes with suggestions regarding how the preservation of Javanese written literature should be achieved.

Baca selengkapnya »