NILAI KULTURAL KESENIAN JARANAN PADA KEHIDUPAN WARGA MUSIMAN DI KOTA SURABAYA
Oct 22nd, 2008 • Kategori: Kesenian
NILAI KULTURAL KESENIAN JARANAN
PADA KEHIDUPAN WARGA MUSIMAN DI KOTA SURABAYA
R. Djoko Prakosa
Abstract
Paguyuban kesenian jaranan sing tuwuh ing komunitas warga musiman mujudake aktualisasi nilai budaya jawa. Sayuk, guyub lan rukun tuwuh saka srawung seni saengga akeh masalah sosial lan ekonomi bisa antuk solusi. Regeng, gayeng, lan marem dadi refleksi esetika komunal lan indiviual sing kempel nyawiji. Konsep estetika iki ora ngemungake disengkuyung dening kaendahan nanging uga saka spirit guyup rukun. Lejar lan pajar mujudake titik kawicaksanan sing tuwuh saka estetika sosial kesenian jaranan.estetika paguyuban kesenian jaranan mujudake esetika sing mutlak lan mujudake totalitas rasa sosial, religius, lan larasing rasa kaendahan seni


