Kawruh Griya Jawi: angonceki Kawruh Griya, Kawruh Kalang sarta Primbon
Oct 22nd, 2008 • Kategori: Sistem Pengetahuan dan Teknologi
Kawruh Griya Jawi: angonceki Kawruh Griya, Kawruh Kalang sarta Primbon[1]
josef prijotomo[2]
Pambuka
Kula nuwun, ing adicara ingkang minulya punika, kaparenga kula atur panggagas punapa dene pamawas ingkang gegayutan kaliyan Arsitektur Jawi. Ananging sakign ageng lan wiyaring tebanipun arsitektur Jawi punika, kula inggih badhe namung mendhet cuplikan kawruh arsitektur ingkang kula pendhet saking Primbon-primbon Jawi, lan sacuwil kalih cuwil saking Kawruh Griya, Kawruh Kalang sarta Serat Centhini. Amargi panyerat ingkang ngangge basa Jawi inggih ingkang sepisanan kula lampahi, pramila kawula nyuwun gunging pangaksama manawi kanthah klenta-klentunipun atur, utaminipun pilihaning ukara lan tembung.


